Udan Edan

Tembang Sekar Macapat Asmaradana
(Kyai Rasajati)
Rasa suka dèn watesi
Mekak hawa aywa ngrebda
Sesukan mung sakadaré
Gampang gumun siningkiran
Jer kabèh mung sandhangan
Datan langgeng wontenipun
Abyor sakedhap gya muspra


Eseme ron jati pinggir kali
sansaya kecut
Merga,
ricik udan wiwit sasi iki
Tan kena diselani
Tan kena diselaki

Ah…Aku wegah
Aku emoh yen lakumu terus kaya ngene, Dan udan!
Delengen kae
wasista mung ngguwa aneng kamar
taruna uga ora kersa
kekenjer nang njaba
pijer ngemuli ati
nglumut nang pinggir bale
fesbuk lan twiteran bae
                                                Lamun tan waskithèng kalbi
Rasanta gampil kagodha
Kayungyun ing kasukané
Kapéncut myang kapiluyu
Éndah-èdining dursila

lha kae
bocah-bocah cilik ndhelik
aneng ngarepan tipi
nyawang kapang polah tingkahe
tumama gebyar sadawaning wengi

tuntung nang ati
mung gandhik likak-likik
ngobahke jempol
prigel dolanan manca
kang sitik ngobahake raga
sitik migunakake pikir

banjur
lali sadengah ukara santi
lali japa mantra suci
apamaneh bentik lan jamuran
girase dolanan betengan bae
mung kari jenengan

ron jati pinggir kali
sansaya cuwa
Merga,
ricik udan modernisasi
Tan kena diselani
Tan kena diselaki
Begja janma kang patitis
Ngrucat pepénginanira
Sirik nerak sarak siré
Tanggap lamun samudaya
Tan langgeng ing kahana
Sawatara pan wus kukut
Gung kasukan sakeplasan

0 komentar:

Post a Comment

 
Top